13 September 2012

Tanggap Wacana Peresmian Gedung Sekolah (Ketua Panitia)

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh
Ingkang pantes sinudarsana Bapak Bupati .... Ingkang pantes pinundhi Bapak Dikpora Kabupaten .... Bapak Ketua Komite ingkang kinurmatan. Bapak Kepala Sekolah … ingkang kula urmati. Bapak Ibu Guru lan Karyawan ingkang satuhu luhuring budhi. Ingkang kula tresnani siswa siswi ….
Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken puji syukur pudyastuti dhumateng ngarsaning Gusti ingkang Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya, kalis ing rubeda. Sholawat sarta salam dipun aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang tansah dipun tenggo safangatipun wonten ing dina kiamat. Matur agunging panuwun dhumateng pranata adicara ingkang sampun maringi wekdal dhumateng kula supados ngaturaken tanggap wacana pembukaan peresmian gedung … kados ingkang sampun karantam wonten ing rantaman adicara.
Kula minangka ketua panitia pembangunan gedung … ngaturaken panuwun ingkang kathah dhumateng panjenengan ingkang saged kempal manunggal silaturahim wonten ing mriki. Mboten kantun ugi kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng pisungsung subsidi saking pamarintah pusat saha saking panjenengan sedaya. Kula atas nama ketua panitia pembangunan gedung … , mboten saged ngaturaken punapa-punapa, pramila sagedipun naming ngaturaken pudya puji pudyastuti mugi-mjugi lelubering sih kautaman sedaya kalawan angsala piwales kanugrahaning Gusti Allah SWT ingkang matikel-tikel.
Donga pudyastuti ugi katur dhumateng Bapak … minangka pemborong sarta andahanipun ingkang sampun kanthi tuwin raos tanggel jawab ingkang ageng saged mungkasi pembangunan gedung … punika kanthi nengsemaken manah.
Kanthi sampun prapumaning bangunan gedung … punika, sampun kacekapan sedaya idham-idhamaning masyarakat. Kanthi wontenipun gedung … punika, putra putri panjenengan saged ngangsu kawruh wonten ing gedung punika.
 Gedung punika sanget migunani tumrap putra putri kita ingkang lenggah ing bangku SMP. Putra putri kita kedah saged ngangsu kawruh ing pawulangan lanjutan. Syukur saged ngantos dumugi Universitas, awit putra putri kita punika “generasi penerus” minangka tunasipun bangsa. Pramila mangga sesarengan kita rawat gedung ingkang sampun sumadya punika. Awit njagi kelestantunipun gedung punika langkung awrat katimbang ngadani satunggiling bangunan.
Peresmian gedung punika samangke dipun adani dening Bapak … ingkang sampun kejibah kados ingkang sampun karantam wonten ing adicara.
Kula kinten cekap semanten tanggap wacana pambuka saking kula, mbok bilih wonten kirange atur saha kirang trepsilaning tindhak tandhuk anggen kula matur mawantu-wantu nyuwun sih lumbering samodra pangaksami.
Akhirul kalam bilahit taufik wal hidayah,
Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar